Pages

Tuesday, June 5, 2012

Geguritan


Kanggo Urip , nganggo urip
(kagem biyung...^_^)
Nate mbeset sajrone pikir
sepira rekasane ngonceki kulite bawana
kaya kang dilakoni biyung..
Blakane dudu kringet asin sing mbleber
aneng sajroning samodra kauripan,
nanging lugune sasmita kang isih dadi misteri...
Dhuhkitane biyung,,,
arang dirasa
Sapa ngira pawitane nyawa
mulane awan bengi dadi batangane
awit rega nyawa ora padha....
Tumempel rasa jroning segara
ombake nggulung pulunge nala
angin sumilir atur-atur biyung
murih eseme sangsaya nyata
Biyung....
esemmu dak antu
Nganti enteke prau
ngangsu pandulu

No comments:

Post a Comment